Monthly Archives: April 2017

Ulang Tahun 39/40

Nak meh poso do ribut mulaine kapan wis biasa,
Bodo (lebaran) yo podo wae kadang geseh karena coro ngetunge dewe2
la wingi aku ulang tahun (18 April)
nak itungan jowo wis 5 windu podo karo 40 tahun
nak nganggo tanggalan nasional lagi 39 tahun
dadine yo geseh setahun.
yo wis karang aku iki wong jowo sing urip ning indonesia yo tak nut kabeh wae
sing meh ngarani 39 yo monggo sing ngonekke 40 yo monggo
sing jelas matur nuwun sedulur lan konco2 kabeh atas perhatian lan doane.
mugi gusti paring ridha lan berkah kanggo awakke dewe kabeh, amin. (19April2017)